Lakon Gatotkaca Suci
Penulis: Muladiatiningsih, dkk.
Halaman: viii + 92 hlm
Ukuran: A5
Kertas: Bookpaper
Isi: Hitam putih
Cover: Softcover
Harga: Rp50.000
Sinopsis:
Buku Lakon Gatotkaca Suci punika minangka kumpulan saking pinten-pinten lakon cerita wayang lumantar basa Jawa ngapak Purbalingga ingkang kathah pesen moral lengkap.
Wayang punika asale saking tembung Ma-Hyang kang ateges tumuju marang Dewa utawi Gusti Kang Maha Tunggal. Wonten ingkang ngandharake wayang ateges babagan utawa wayangan, bab punika kanthi lelandhesan wayang punika nggambarake pagesangan manungsa. Wayang dados simbol urip/pagesangan masyarakat Jawa kang dituduhaken lumantar basa lan sarana kanggo nemokaken sejatining pagesangan dhumateng Sang Hyang Dumadi.
Cerita Wayang kang gumelar ing tanah Jawa mliginipun asumber saking Mahabarata lan Ramayana, lan ugi gubahan. Kasil karya punika dados kasil karya budaya lare-lare ingkang sampun balung sumsum ing Nagari Indonesia lan ugi Nagari Manca. Wayang ugi dados sarana dakwah para Wali khususipun wayang kulit sampun dipunakoni dening UNESCO minangka kabudayan kang nengsemake lan asli duweke Indonesia dikukuhake tanggal 7 November 2003, wayang minangka sawijining warisan kang endah lan berharga (Masterpiece of oral and intangible heritage of humanity).
Buku punika ngaturi pinten-pinten Lakon Carios Wayang inggih punika, Lakon Gatotkaca Suci, Anoman Kembar, Anoman Lair, Anoman Obong, Antareja Mbalela, Antasena Ngraman, Durna Picis, Antasena Rabi, Lakon Wayang Antasena, Lakon Abimanyu Rancab, Durga Ruwat, Gugure Dewa Arimba, Egon Mayangkara, Gatotkaca Gugur, Bagong Kembar, Bagong Dadi Ratu, Gareng Ratu lan Gatotkaca Kembar.
Mugi-mugi kanthi terbitipun Buku Lakon Gatotkaca Suci punika, saged nambah wawasan, mundhut pitutur luhur utawi pesen mral saking suraosipun.
Matur nuwun.
Reviews
There are no reviews yet.