Lakon Mustakaweni – Toko Buku SIP Publishing

Senin - Jum'at : 08.00 - 16.00 WIB | Sabtu : 08.00 - 13.00 WIB

Lakon Mustakaweni

Rp50.000

Category:

Lakon Mustakaweni

Penulis: Fathir Fardurahman, dkk.
Halaman: viii + 120 hlm
Ukuran: A5
Kertas: Bookpaper
Isi: Hitam putih
Cover: Softcover
Harga: Rp50.000

Sinopsis:
Buku Lakon Mustakaweni punika minangka kumpulan saking pinten-pinten lakon cerita wayang lumantar basa Jawa ngapak Purbalingga kanthi boten ngowahi aslinipun. Carios wayang sampun nglewati pinten-pinten prastowo sejarah ingkang panjang, nanging carios wayang nyatanipun taksih diremeni masyarakat amargi pesen morali saking surosonipun.
Wayang punika asale saking tembung Ma-Hyang kang ateges tumuju marang Dewa utawi Gusti Kang Maha Tunggal. Wonten ingkang ngandharake wayang ateges babagan utawa wayangan, bab punika kanthi lelandhesan wayang punika nggambarake pagesangan manungsa. Wayang dados simbol urip/pagesangan masyarakat Jawa kang dituduhaken lumantar basa lan sarana kanggo nemokaken sejatining pagesangan dhumateng Sang Hyang Dumadi.
Cerita Wayang kang gumelar ing tanah Jawa mliginipun asumber saking Mahabarata lan Ramayana, lan ugi gubahan. Kasil karya punika dados kasil karya budaya lare-lare ingkang sampun balung sumsum ing Nagari Indonesia lan ugi Nagari Manca. Wayang ugi dados sarana dakwah para Wali khususipun wayang kulit sampun dipunakoni dening UNESCO minangka kabudayan kang nengsemake lan asli duweke Indonesia dikukuhake tanggal 7 November 2003, wayang minangka sawijining warisan kang endah lan berharga (Masterpiece of oral and intangible heritage of humanity).
Buku punika ngaturi pinten-pinten Lakon Carios Wayang inggih punika, Lakon Mustaka Weni, Babad Wanamarta, Sasi Kirana, Sena Rudra, Murwakala, Gatotkaca Dadi Ratu, Lakon Gatotkaca lair , Arimba Arimbi, Gatotkaca Rabi, Sembadra Larung, Ganda Wardaya, Gandamana Sayembara, Parta Krama, Pancawala Kalarung, Muntul Wilanten, Bambang Wijanarka, Lambangkara, Wahyumakutharma, Semar Mbangun Kayangan, Bima Bungkus lan Wisanggeni.
Mugi-mugi kanthi terbitipun Buku Lakon Mustakaweni punika, saged nambah wawasan, mundhut pitutur luhur lan saged nguri-uri bahasa Jawa ngapak Purbalingga.
Matur nuwun.

Reviews

There are no reviews yet.

Be the first to review “Lakon Mustakaweni”

Your email address will not be published. Required fields are marked *

SIP BOOKSTORE

Kantor Pusat

Kantor Pelayanan

Copyright SIP Publishing | Design by Zhafira Media